Ingkang Badhe Madosi Dongeng Rakyat seng Nganggo Basa Jawi Sumonggo Pinarak wonten Mriki"

Jumat, 29 Oktober 2010

Sunan Kalijogo

Jeneng asline Sunan kalijogo yoiku Raden Sahid. Putra Adipati Tuban sing jenenge Temenggung Wilatikta. Raden Sahid kalebu keturunane Ronggolawe sing agamane Hindu, uga kanthi asma Raden Sahur.
Nalika Raden Sahid cilik, Raden Sahid wis di kenalake karo agama Islam karo guru kadipaten Tuban. Nanging senajan deweke weruh kahanan sekitare sing beda adoh karo uripe wong cilik sing pada ngelih. Raden Sahid banjur atine mberontak.

Gapura Majapahit

Gapura ana ing desa Rondole kecamatan Margorejo kabupaten Pati iku saka Majapahit. Bangunan kuwi salah sawijine gapura kaputren Majapahit. Gapura kuwi bisa ana ing desa Rondole nduweni riwayat nganeh-anehi.

Asal - Usule Desa Teluk Awur Jepara

Jaman biyen ana sawijine Syeh kang manggon ing dusun Jondang, udakara 3 km sakulone Jepara. Syeh kuwi asmane Syeh Jondang. Syeh Jondang kuwi priya sing bagus rupane. Syeh Jondang duwe garwa, asmane Ni Badralangu. Ni Badralangu kuwi wanita sing sulistya ing budi lan pancen ayu tenan. Wong loro padha urip bebarengan kanthi tentrem, andum rasa asih. Ana apa wae mesti dilakoni bebarengan. Sing sabenere penggalihe Syeh Jondang lagi nandang susah amarga kelangan adhi lanang sing banget ditresnani. Syeh Jondang ora reti ana ngendi saiki adhine tunggal welad kuwi. Syeh Jondang banjur ngumbara nggoleki adhine. Sasuwene ngumbara nggoleki adhine penggalihe ora tentrem amarga tansah kelingan marang garwane sing banget ditresnani yaiku Ni Badralangu sing ana ing omah dhewe.

Dumadine Kutha Simo

Kerajaan Demak sing rajane Sultan Fatah nduweni mungsuh sing jenenge Ki Ageng Pengging. Demak kerajaan islam sing didhukung Walisongo lan Ki Ageng Pengging murid saka Syek Siti Jenar. Kanthi kuwi Sultan Fatah ngutus marang Walisanga supaya ngutus menyang Pengging ngajak Ki Ageng Pengging gabung karo Demak lan sapa wae sing bisa ngajak Pengging Gabung karo Demak bakal diwenehi hadhiah saka Raden Fatah.

Dumadine Kerajaan Medang Kamolan

Kacarita tlatah Jawa iku wis dikuasai dening Kerajaan Galuh kang dipimpin Prabu Sindulaya Sang Hyang Prabu Watu Gunung. Pusat pemerintahane ana ing Jawa Barat amarga dianggep nduweni peran penting marang raja-raja ing tlatah liya Jawa. Prabu Watu Gunung pancen berhasil ndadekake Galuh dadi misuwur lan wargane bisa urip makmur.

Asal-usul Pantai Widuri ing Kutha Pemalang

Ana ing abad XV, pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. warga kang manggon ana pesisir iku isih langka lan sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut benang-benang tresna lan tali kasih urip rukun bebrayan kaya critane Rama Shinta ing epos Ramayana. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku tani, ngolah sawah kang maune arupa raw-rawa sak dawane pesisir segara. Nandur palawija lan semangka.

Jaka Tarub

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus.

Gunung Tidar

Gunung Tidar dumunung ing Magelang Jawa Tengah, Tidar mujudake gunung kang cilik kang luwih memper gumuk. Senajan mung gunung kang cilik ananging ora kalah moncere saka gunung Merapi utawa Gunung Merbabu. Kon ora moncer piye yen gunung cilik kuwi disebut-sebut dadi pakuning tanah Jawa. Kepriye rarahane nganti Tiadar, gunung kang cilik kuwi disebut minangka pakuningntanah Jawa? Salah sawijining sumber nyritakake kaya ing ngisor iki:

Asal-Usul Jeneng Karanganyar

Desa Karanganyar iku melu kecamatan Welahan kabupaten Jepara. Saiki cacah wargane ana 1.446 warga. Dingeti saka panggonane, daerah iki wates kabupaten Jepara karo Demak. Kejawan daratan teka segara lor jawa sing ombone 87 hektar, ana hamparan tambak iwak lan rawa – rawa.

Asal-Usul Nusakambangan

Jaman biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kediri), ana maharaja sing gelare Prabu Aji Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah tundhuk marang sapa wae lan ora seneng menawa ana wong sing luwih sekti tinimbang dheweke lan duwe pengaruh gedhe ing negarane.

Curug Songgolangit

Ana jaka saka desa Tunahan kang kesengsem karo cah wadon ayu saka dukuh Sumandhing, desa Bucu kecamatan Bangsri. Desa Tunahan lan desa Bucu dipasah dening kali ing tengah-tengahe.Jaka lan cah wadon mau akhire daup. Ing jman biyen wong lanang kang nglamar wong wadon kudu gawa piranti pawon kaya ta: wajan, piring, gelas lan liya-liyane, sarta gawa kewan kaya ta: sapi, kebo, wedhus, lan liya-liyane.Nalika esuk-esukcah wadon mau arep nyiapke sarapan kanggo bojone. Nalika nyipke sarapan cah wadon mau ora ngati-atisaengga piranti pawon mau kemlonthang.

Kancil Karo Monyet

Biyen nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis seda. Meh saben , nalika arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken cerita, mbuh kue cerita sejarah jamane perang utawa dongeng kewan. Saiki aku arep nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang sing esih aku eling-eling, crita Kancil karo Monyet. Ora sranta serune... mayu wacanen crita ng ngisor iki. Mayo diwaca maning seru banget critane.

Bawang Abang Lan Bawang Putih

Jaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.

Timun Mas

Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.

Misteri Gunung Bromo

Jaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.

Karajaan Indhu ing Jawa Tengah


Nalika wiwitané  abad kang kanem ana wong Indhu anyar teka ing Tanah Jawa Kulon.
Ana ing kono padha kena ing lelara, mulané banjur padha nglèrèg mangétan, menyang Tanah Jawa Tengah. Wong Jawa wektu samono, isih kari banget kapinterané, yèn ditandhing karo wong Indhu kang lagi neneka mau; mulané banjur dadi sor-sorané.

Watu Gajah


Ki Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.

Pangeran Samudro

Legenda Gunung Kemukus utawa Legenda Pangeran Samodra iku asale utawa dikenal neng desa Pendem, Kecamatan Sumberlawang, kabupaten Sragen, 26 kilometer saka tlatah Surakarta mengidul. Neng Gunung Kemukus iku ana sarean kramate Pangeran Samodra sing saiki papane kanggo obyek wisata neng kabupaten Sragen. Saben malem jum’at pon, kuburan kramat Pangeran Samodra iku ditekani wong akeh saka ngendi-ngendi sing biasane arep nggolek pesugihan.

Cinderella

Ing sawijineng kerajaan, wonten bocah wadon kang elok parase lan becik atine. Deweke mau urip sareng biyung lan kakang-kakang tirine, amargo wong tuane sampun sedo. Ing griya kasebut deweke terus di dawuhi makaryo beresi gawean kang wonten ing griya. Deweke sabendina di dukani lan di paring mangan naming kaping pisan saben dinane. Kakang-kakange kang olo atine wau nimbali “Cinderella”. Cinderella kang artine bocah wadon kang reget. “ Asma kui pancen pantes kaggo koe!’ ngendika kakang-kakange.

Gunung Tompomas

Neng Kabupatn Banjarnegara ana gunung sing diarani Gunung Tampomas, gunung kuwi papane neng Desa Gentansari, kabupaten Banjarnegara. Miturut crita ana gunung loro, gunung kuwi salah sijine diarani Gunung Lanang lan gunung sing sijine diarani Gunung Wadon. Critane biyen Gunung Lanang kuwi seneng karo Gunung Wadon. Banjur Gunung Wadon njaluk kudangan yakui arupa selendang sing dawane se-kali Mendinging utawane diarani kali Ciwek. Ora mung selendang mau kuwi Gunung Wadon uga njaluk emas setompo (wadah sing digawe saka anyaman pring). Banjur Gunung Lanang kebingungen merga ora bisa menehi apa sing di jaluk Gunung Wadon mau. Gunung Lanang nesu banget karo Gunung Wadon merga panjaluke Gunung Wadon ora bisa di wenehi Gunung Lanang. Merga Gunung Lanang nesu, Gunung Lanang banjur njaili Gunung Wadon. Akhire Gunung Wadon njeblug.

Asal-Usul Banjarnegara

Carita iki kawiwitan nalika perang Diponegoro, yaiku perange Indonesia mungsuh Walanda. Nalika semana Indonesia isih awujud kerajaan-kerajaan kayata kerajaan Tarumanegara, Samudera Pasai, Mataram lan sak panunggalane.
Nalika perang Diponegoro kababar akeh para prajurit, tumenggung, kawula lan liya-liyane kang budhal perang. Semono uga R.Tumenggung Dipoyudi IV, salah siwijining Tumenggung ing Mataram uga budhal ing paprangan. Senadyan abot, nanging dheweke kudu bisa ninggalake kaluargane kang dtresnani banget, iki sadermo kanggo kapentingan Negara.

Asal Mulane Desa Kancilan

Ing kabupaten jepara, nalika jaman biyen ana salah sawijine papan panggonan sing isih awujud alas. Nanging ing alas sing isih rengket banget iku mau ana sing manggoni. Sing manggoni ing alas iku yaiku sakpasang kakang adhi lan sakpasang bojo lanang wadon. Sakpasang kakang adhi mau jenenge Mangun Jati lan Mangun Sari, dene sakpasang wong lanang wadon mau jenenge Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker. Mbah Kari Beker iku bojone Mbah Nini Beker.
Antarane Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker kaliyan Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku padha-padha sedulur tunggal guru. Sing dimaksud sedulur tunggal guru yaiku dudu tunggal sedulur kandung nanging padha padha tau maguru utawa golek ilmu ing padepokan ing negeri sebrang.

Ki Ageng Purbonegoro Dumadine Desa Sojomerto

Ki Ageng Purbonegoro yaiku tokoh kang asale saka Mataram. Dheweke dadi salah sijine pimpinan perang kang nyerbu VOC ana ing Jakarta bebarengan karo Tumenggung Mandarureja, Tumenggung Bahurekso, lan liyane. Kang dadi Senopati yaiku Tumenggung Mandurareja. Sultan Mataram menehi sabda.
”Tumenggung Mandurareja, kowe tak angkat dadi senopati kang arep nyerang wong Walanda ana ing Jakarta karo bupati-bupati liyane lan gawanen mriamku kuwi.”
”Inggih kanjeng Sultan.”
Temanggung Mandurareja nikah karo putrine Tumenggung Wargapati saka Mataram. Nalika dheweke ora entuk bali menyang Mataram, dheweke karo anak lan ibune lunga ana ing Kaliwungu. Lan Tumenggung seda ana ing kana.

Prabu Kalimantara

Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur. Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan nguwasani tribawana.
Ana ing negarane sing gedhe lan jembar laladane, Prabu Kalimantara mbawahake wadyabala raseksa kang seneng ulah kaprajuritan, prigel-prigel nggunakake sanjata lan kedhotan. Para nayakane prasasat ora ana kang ora duwe kasekten.

Ana Naga Mabur ing Langit

Nalika dumadi lindhu gedhe dina Setu Wage kepungkur wong-wong sing padha ngenut lan nyinaoni kultur Jawa racake slamet. Ora mung ing bab fisik nanging uga merga batine pasrah lan tentrem. Lan diweruhi tengara gaib sing jumedhul sadurunge ana lindhu.
Ngono pangandikane Ki Mardiyuwono (53 taun) Ketua Himpunan Penganut Kepercayaan Kepada Tuhan YME Bantul, DIY, nalika ditemoni ing daleme ing Gedongsari, Wijirejo, Pandak, Bantul.
Ketua HPK Bantul sing uga sesepuh Paguyuban Kebatinan Sumarah Purba iki ngendika menawa warga HPK Bantul nalika ana lindhu gedhe dina Setu Wage kepungkur akeh sing slamet. Senajan ana sing lara nanging ora nemen.

Kamis, 28 Oktober 2010

Kancil lan Merak

Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

Iwit Bajing lan Tikus Cilik

Iwit si bajing sing manggon ing wit klapa pinggir dalan gedhe sedhih atine. Geneya? Sebab dheweke durung duwe pasedhiyan pangan senajan mung sethithik. Kamangka sedhela engkas wis mangsa rendheng. Nanging apa sing dialami Iwit iki ya merga saka kesede dhewe. Kamangka, wit klapa sing dipanggoni turu wis ora nguwoh maneh jalaran saking tuwane umure.
Sasuwene mangsa ketiga Iwit turu wae. Emoh nyambutgawe. Mulane, saiki Iwit munyeng mikirake tekane mangsa rendheng mengko, piye bisane ing mangsa iku dheweke panggah mangan kaya biasane. Ora kaliren.