Ingkang Badhe Madosi Dongeng Rakyat seng Nganggo Basa Jawi Sumonggo Pinarak wonten Mriki"

Jumat, 23 September 2011

Ki Ageng Kedungsari

Ki Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.

Minggu, 24 Juli 2011

Ula badhudhak lan landhak

Ing nalika môngsa adhêming angin, ana ula badhudhak katisên bangêt, mubêng golèk pandhêlikan ora olèh. Wasana katêmu karo landhak kang bêcik kalakuane, anyalathoni mangkene: mêsakake têmên kowe iku, angin iki ora bêcik ingatase awakmu, olèhmu andharodhog kôngsi kaya godhong katêmpuh ing angin, ayo mênyang êrongku, supaya olèha angêt ing sawatara.

Bulus lan Bango

Mangkana kaprungu gunemane bulus lanang lan wadon ing pinggiring talaga Kumudawati. Kewan sajodho kuwi sambat marang kahanan mangsa katiga sing ora rampung-rampung. Kaya-kaya taun iki mangsa rendheng ora bakal tumeka. Kamangka, ing padatan, mangsa katiga kuwi lumakune ya mung ora suwe-suwe kaya kang dumadi nembe-nembe iki.

Kuldi di Momoti Jaran


Ana kuldi dimomoti akeh, lumaku bebarengan jaran gedhe atine sarta legeh. Pangucaping kuldi : “Dhuh, sangsara banget  pepesthening awakku, saking aboting gawanku pangrasa kaya  penyet-penyeta. Jaran mitraku, sarehne kowe iku rosa banget, aku duwe panjaluk, mayarna sajroning kasusahanku, rewangana nggawa gegawanku ana rong bontot bae. Dhuh, welasa ing pasambatku. Yen ora mangkono, mesthi aku ambruk mati ana ing dalan. “

Manuk Garudha Lan Gagak


Ana manuk garudha , kang cakare medeni, niyup nyamber cempe kang lagi mangan, dicangkerem banjur digawa  mumbul ing awang-awang, nedya dimangsa. Ora adoh saka ing panggonan kono ana manuk gagak siji bodho, sumurup kaprawiraning  garudha.

Asu Ajag Lan Wedhus Berok


Ana wedhus lanang berok siji banget kasatan, nyemplung ing luwengan kang ana banyune. Anuli ana asu ajag siji , iya kasatan arep ngombe, enggal nututi melu nyemplung. Sawuse padha arep ngombe, banget ing bungahe, ananging bareng arep metu, padha ilang kabungahane sanalika, awit karone ora bisa mancolot metu saka ing luwengan. Saking getere, wedhus lanang muni  seru, sebute :

Wong Wadon Lan Anake isih Cilik Tuwin Macan Tutul

Ana wong wadon, duwe anak isih cilik , tansah nangis bae,. sumedya kapurih menenga calathune : “ Heh, bocah mbeler, yen ora meneng- meneng tangismu, aku bakal takon marang macan tutul,. Apa arepa ing kowe. Aku ora betah ngrungokake tangismu.”