Ana manuk garudha , kang cakare medeni, niyup nyamber cempe kang lagi mangan, dicangkerem banjur digawa mumbul ing awang-awang, nedya dimangsa. Ora adoh saka ing panggonan kono ana manuk gagak siji bodho, sumurup kaprawiraning garudha.
Ciptane : “Digdaya temen, ewa dene akun wani totohan, ing sanalika iki uga aku bisa anggondhol wedhus kaya dheweke. Sanajan aku cilika, cakarku ora kuciwa.” Kaya mangkono ciptaning gagak, ora ana maneh. Jujul dening angen-angen banjur niyup, nyamber cempe, kaya pratingkahe garudha mau. Anyengkerem ing wulune kang gembel. Ananging banget ing kuranging karosan, cakare kukuh kagubed ing wulu. Banjur nalangsa ing pratingkah, awit kang angon wedhus marani. Gagak dicekel karo muring-muring , elaring suwiwine dikethoki karo pisan, banjur diwenehake anak-anake, digawe dolanan. Awit dening disiya-siya ora suwe mati.
Liding dongeng mangkene : Sing sapa tanpa pikir ngandelake karosane dhewe, iku kerep tumiba ing tiwas.
Tegese tembung :
Awang-awang = langit
Nedya = arep
Kaprawiran = kekendelan
Digdaya = menangan, sekti
Kuciwa = 1. Kalah 2. Cacad, ana cacade 3. Kurang saka sapantese.
Jujul = 1. ora sedheng 2. Susuk 3. Kebak.
Gembel = ketel
Nalangsa = ngrumangsani apese lelakon, nggetuni barang sing wis-wis.
Tiwas = 1. nemahi kacilakan 2. ora kebeneran.
Ceritanya Bagus
BalasHapusPiwulang kang kamot ing dongeng yaiku
BalasHapus