Ingkang Badhe Madosi Dongeng Rakyat seng Nganggo Basa Jawi Sumonggo Pinarak wonten Mriki"

Minggu, 24 Juli 2011

Asu Ajang Lan Singa Barong

Ana asu ajag matur marang ratuning beburon, tembunge :”Gusti Singabarong, panjenengan dalem kados boten kekilapan dhumateng katemenan kawula,  katandha saking solah bawanipun abdi dalem. Ing sapunika mugi kalilana anyaosi pratanda ing pamundhi kawula ing panjenengan dalem.
Wonten satunggiling kuldi angerang-erang  ing panjenengan dalem , Gusti, angantos geter anggen kawula badhe ngunjukaken , kuldi wau purun-purun anacad ing kautamanipun kaprabon dalem , sarta anggegujeng , makaten wicantenipun , : “Mungguh ing kabijaksane Singabarong iku kari karo gajah, karosane kaungkulan dening macan. Sumangga panjenengan dalem galih, iba anggenipun amemirangaken, wicantenipun kuldi gentho. Barong dalem ingkang sanget kawula  erami, tuwin buntut dalem ingkang rosa, kasor dening suri saha buntuting  kapal, punapa dene ....”
Bareng calathune asu ajag tekan samono , singabarong anyelani :” Menenga, aku keju ngrungokake atur pratandha katemenanmu kang kaya mangkono iku, wewadul ala angur  aja kounjukake , sapa ngomong ing asu ajag utawa kuldi aku ora preduli.
Liding dongeng  mangkene :”Sing sapa nepsu dening pangomonging gentho, iku bodho. Anglakoni apa kang gawe becik, aja nganggo mengeng, iku ugering kabijaksanan.

Tegese tembung :
beburon                       = kewan kang diburu.
panjenengan dalem       = kowe kanggone ratu
kekilapan                      = kliru, kelalen
katemenan                    = watak temen, kena dipercaya
solah bawa                   = pratingkah, tandang tanduk.
abdi dalem                   = abdi mu, aku
pamundhi                     = nampa dhawuh, ngajeni banget.
kalilanana                     = wenehana idin
geter                             = ndhrodhog, wel-welan
ngunjukaken                 = ngaturake, nggawa munggah
anggegujeng                 = anggeguyu
iba                                 = mendah
amemirangaken             = bangsat, bajingan
eram                               = gumun
dalem                              = mu, kowe kanggone ratu
keju                                = krasa jimpe tumrap tangan utawa sikil
angur                               = aluwung, luwih becik
mengeng                             = 1. noleh, mengo   2. ninggal kwajiban, mundur ora wani nadhahi.

2 komentar: