Ingkang Badhe Madosi Dongeng Rakyat seng Nganggo Basa Jawi Sumonggo Pinarak wonten Mriki"

Minggu, 24 Juli 2011

Kuwuk Buntung Buntute

Ana kuwuk ambeg julig, saking kurang wiweka buntute kena ing piranti. Kapriye saiki akale si ama pitik, amurih uwale saka kasangsaya. Ora suwe ,ing pamikire, buntute banjur cinakot enggal, anuli lumayu manjing ing alas marang enggone panunggalane.
Iku diundangi padha dikalumpukake , tembunge : “He, sadulur-sadulurku kabeh, kowe wus padha karep sumurup , yen kawruh sarta taberiku mung tansah amurih kaslametanmu. Aku bakal anglairake prakara becik siji manehmarang kowe, angungkuli panemuku kang uwis, wadine mangkene:”buntutmu padha cakoten sing nganti tugel, amesthi bakal andadekake pakolehmu. Ngandela ing aku. Buntutmu angalan-alani awakmu. Yen ginawe lumayu angribedi sarta nyayahake, ginawe lumumpat ngebot-eboti tuwin ngrikuhake, apa dene anjejodheri . Mara, aku tirunen , buntutmu padha cakotana sing nganti tugel.”
Panunggalane ora ana sing miturut, buntut peparinging pepesthen diisihake , sarta padha nyenyampahi  ing pamuruke akeh-akeh , kang memanisi mau, apa dene angerang-erang ing buntunge.
Liding dongeng mangkene : Ing alam donya ora kurang pitutur, kang metu saka ing pamrih.

Tegese tembung :
Angalan-alani                     =kang njalari ala.
Anjejodheri                        = marahi kawiyak wadine.
Julig                                   = pinter nidakake piala.
Kawruh                              = apa-apa kang diweruhi
Memanisi                           = marakake manis
Ngrikuhake                        = marakake rikuh, marakake kidhung, ngisin-isini
Nyayahake                        = marakake sayah (kesel)
Nyenyampahi                    = moyoki, maoni.
Pamrih                               = tujuan murih, kamelikan.
Pamuruke                          = anggone muruk, anggone mulang.
Piranti                                = prabot, alat, guna bisa
Dipiranteni                         = dicawisi, dicepaki
Taberi                                = sregep sarta tlaten.
Wadine                              = dikeker, ora diwedharake marang liyan, rahasia.
Wiweka                                       = pangati-ati

1 komentar: