Ingkang Badhe Madosi Dongeng Rakyat seng Nganggo Basa Jawi Sumonggo Pinarak wonten Mriki"

Minggu, 24 Juli 2011

Kancil kang Padha Miris


Anuju ing mangsa katiga ana angin gedhe. Saking bangete, pangrasa pucaking uwit-witan tumelunge meh anggepok lemah. Ana kancil lelima utawa nenem, wedi ngrungu gumrubuging angin, enggal padha lumayu, aninggal kancane kang akeh-akeh, tur anane ing kono nunggal kancane mau ora nguwatiri. Palayune nerak ara-ara, kaya diburu ing asu pirang-pirang.
Saking rikating playune, prasasat ora ngambah lemah, ora ana kang noleh, nganti kepengkok ing rawa, ora bisa mbanjurake playune. Awit dening enggaling tekane ing kono sakehing kodhok kang ana ing rawa padha kaget, banjur padha silem. Kancil padha gumun weruh wedining kodhok kang tanpa sebab, wit kancil ora tau sikara ing kodhok. Nuli ana kancil kang wus tuwa, celathu marang kanca-kancane lumayu, tembunge : “ He, wong mitra-mitraku, aku lan kowe mau keplayu dening gumrubuging angin, iku pratingkah gemblung. Kaya pratingkahing kodhok-kodhok iku, padha silem amarga padha wedi ing aku lan ing kowe.
Liding dongeng mangkene : Samubarang kang ora bisa gawe piala ing awakmu, aja kowedeni, dene wong kang watek jirih, wedi ing wayangane dhewe.
Tegese tembung :
miris                    = wedi, giris
pangrasa             = kaya-kaya, ing rasane kaya ..
tumelung            = tumiyung, mentiyung
ara-ara               = palemahan jembar ora ditanduri
kepengkok         = kepapag ing.., ketanggor ing.., kepeped ing ...
sikara                  = ngganggu gawe, milara
gemblung            = gendheng, edan.
piala                    = tindak kang ala.
jirih                        = weden, ora kendel

1 komentar: