Ingkang Badhe Madosi Dongeng Rakyat seng Nganggo Basa Jawi Sumonggo Pinarak wonten Mriki"

Jumat, 29 Oktober 2010

Ana Naga Mabur ing Langit

Nalika dumadi lindhu gedhe dina Setu Wage kepungkur wong-wong sing padha ngenut lan nyinaoni kultur Jawa racake slamet. Ora mung ing bab fisik nanging uga merga batine pasrah lan tentrem. Lan diweruhi tengara gaib sing jumedhul sadurunge ana lindhu.
Ngono pangandikane Ki Mardiyuwono (53 taun) Ketua Himpunan Penganut Kepercayaan Kepada Tuhan YME Bantul, DIY, nalika ditemoni ing daleme ing Gedongsari, Wijirejo, Pandak, Bantul.
Ketua HPK Bantul sing uga sesepuh Paguyuban Kebatinan Sumarah Purba iki ngendika menawa warga HPK Bantul nalika ana lindhu gedhe dina Setu Wage kepungkur akeh sing slamet. Senajan ana sing lara nanging ora nemen.
Minangka ketua Satkorlak Bantul dheweke ngaturake panuwun marang Sekjen DPP HPK Drs. KRT Basuki Prawirodipuro SH, MBA, MM, MHum saka Surabaya kang aweh bantuwan lan kawigaten marang para korban. Uga Yunita Dewi anggota HPK saka Cilacap, Andri Tanuwijaya saka Toko 84 Jogjakarta, LSM telu saka Jakarta, Semar Suryokencana, Naga Sakti Grup, Yayasan Maha Pelita Budha, lan Cerdas Bangsa.
Ing ngisor iki wawancarane JB karo Ki Mardi bab lindhu gedhe kasebut:
Kadospundi sadereng lan sasampunipun lindhu, napa wonten sasmita gaibe?
Lindhu gedhe iku tekane dina Setu Wage. Sepasar sadurunge, malem Selasa Kliwon aku kungkum ing tempuran Kali Bedog lan Kali Progo ing Nglancar. Kala kungkum jam loro tekan jam telu bengi ana bisikan gaib. Bisikan iku munine: limang dina maneh utawa sepasar maneh akeh omah sing ora dienggoni.
Bisikan mau wiwitane ora takgatekake, takanggep biasa. Ing dina Setu Wage 27 Mei 2006, wayah Subuh aku digugah dening budheku sing wis tilar donya, Budhe Mangundiharjo. Ora takgatekake. Setengah lima digugah maneh tetep ora takgatekake. Bareng setengah enem jempol sikilku diangkat dhuwur banjur diceblokake, aku terus tangi, lan metu saka omah.
Lindhune teka, wong-wong padha pating brengok, omahe padha ambruk. Padha metu ing dalan gedhe ngarep omahe. Lan ndeleng langit sisih kidul wetan, ana sing padha alok: “Ana naga, ana naga!” Aku uga meruhi dhewe tekane naga sing rupane ireng lan saka cangkeme metu asep ireng. Mabure cepet banget. Apa wae sing diliwati, ing ngisore lemah lan omahe padha bengkah lan ambruk. Mabure ora pati dhuwur, arahe ngalor kaya kilat. Naga iku sakawit metune ora kaya naga, nanging saya suwe saya katon wujude naga. Ing sandhuwure kutha Bantul ana sing weruh ing angkasa ana wewujudan ali-ali sing warnane ireng. gedhe, saantena parabola.”
“Ing pinggir Kali Bedog ana wong lagi nderes wit klapa, rumangsa kaya weruh gajah nglangi ngebaki Kali Bedog. Ngosek-ngosek lan sing diliwati rusak kabeh. Nek dilelimbang ramalan Jaya Baya kae pancen ana benere. Sing baku ing jaman Kalatidha ana telung bab sing kudu diugemi manungsa. Sepisan nyeraki awake dhewe, alam, lan Gusti Sing Akarya Jagad. Telu-telune kudu nyawiji.”
“Sapa aku satenane lan kudune piye supaya slamet,” ngono sing ditakokake ing batine dhewe. Sawise ngono nyeraki alam lan Gusti Sing Akarya Jagad. Lan maca kersane Sing Kuwasa saka tandha-tandha jaman. Bab iku saiki akeh sing ora nggatekake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar