Ingkang Badhe Madosi Dongeng Rakyat seng Nganggo Basa Jawi Sumonggo Pinarak wonten Mriki"

Kamis, 04 November 2010

Ki Ageng Penjawi

Ki Ageng Penjawi karo Pemanahan lan Jurumertani nalika isih nom tau dadi muride Ki Ageng Sela. Wong telu kuwi diarani telung serangkai, sing isih keturunane raja Brawijaya V utawa Prabu Kertabumi sing nduwe tahta nalika taun 1468-1478. Silsilah Ki Ageng Penjawi yaiku: Raja Brawijaya V duwe anak raden Bondan Kejawan. Raden Bondan Kejawan duwe anak telu, sing kari jenenge Rara Kasihan lan dadi bojone Ki Ageng Ngerang. Pasangan iki nduwe anak yaiku Ki Ageng Ngerang II lan anak wadon sing dipek bojo Ki Ageng Sela. Ki ageng Ngerang II duwe anak papat yaiku ki Ageng Ngerang III, Ki Ageng Ngerang IV, Ki Ageng Ngerang V lan Pangeran Kalijenar. Ki Ageng Ngerang III duwe anak jenenge Penjawi.

Silsilah Ki Ageng Pemanahan yaiku : anake Raden Bondan Kejawan sing nomer loro jenenge Ki ageng Getas Pandawa. Ki Ageng Pandawa nduwe anak Ki Ageng Sela. Ki Ageng Sela duwe anak Ki Ageng Enis. Ki Ageng Enis nduwe anak sing diwenehi jeneng Pemanahan.

Silsilah Ki Jurumertani yaiku: anake Raden Bondan Kejawan sing paling tuwa yaiku Ki Ageng Wanasaba. Ki Ageng Wanasaba nduwe anak Pangeran Made Pandan I. Pangeran Made Pandan I duwe anak Ki Ageng Pakringan sing bojone jenenge rara Janten. Saka pasangan iki nduwe anak papat yaiku Nyai Ageng laweh, Nyai Manggar, Putri, lan Jurumertani.


Ki Ageng Penjawi, Ki Ageng Pemanahan, lan Ki Jurumertani sing isih keturunane Raja Brawijaya kuwi oleh tugas gedhe yaiku melu ngrampungake perkara kluwarga Kasultanan Demak sing wis ngentekake korban akeh.

Kabut kandel nutupi bumi Demak nalika padha ngrebutake kekuasaan. Kuwi disebabake ulahe Bupati Jipang Panolan jenenge Aryo Penangsang sing ora liya anake Pangeran Suryawiyata (Pangeran Sedalepen). Aryo Penangsang gela sawise ngerti yen sing bakal munggah tahta ngganti Sultan ing Demak, Sultan Trenggana sawise seda yaiku ora dheweke, nanging sing diangkat malah Jaka Tingkir sing mung mantune Sultan Trenggana.

Merga gela Aryo Penangsang nduwe niyat elek arep mateni kabeh keturunane Sultan Trenggana. Supaya niyat elek kuwi bisa Kabul Aryo Penangsang nganakake patemon sing ditekani Laskar Soreng. Ing ngarepe Soreng, Aryo Penangsang mrentah supaya mateni gedhe-gedhenan. Sing ping pisan arep dipateni yaiku Pangeran Mukmin lan bojone, minangka piwalese, merga sing ngerti kabeh yen Aryo Penangsang arep mateni Pangeran Suryawiyata. Sing ping loro, mateni Pangeran Hadiri, bojone ratu Kalinyamat. Yen Sultan Pajang Arep dipateni Aryo Penangsang dhewe. Sakwise ngerti perintahe Aryo Penangsang, para Soreng lunga nglakoni tugas sing wis diprentahake.


Para Soreng karo nggawa keris brongot Setan kober ora kangelan nglakoni tugase. Malah, rakyat cilik sing dicurigai mihak utawa mbela Jaka Tingkir utawa Sultan Hadiwijaya dipateni. Sakwise mateni Pangeran Mukmin, para Soreng lunga golek Pangeran Hadiri lan Ratu Kalinyamat sing ngadhep Sunan Kudus. Gang pirang-pirang dina para Soreng ngintik lan nyegat sadawane dalan antarane Kudus nganti Jepara.


Ratu Kalinyamat karo bojone lan para rombongane nalika lagi arep balik dicegat para pengikute Aryo Penangsang. Peperangan uga kedaden kanthi sengit. Ratu Kalinyamat sing jeneng asline Retna Kencana katon kuwat lan cekatan endha lan menthung mungsuhe. Pangeran Hadiri lan pengawale uga gigih nglawan serangan-serangane para Soreng sing arep mateni dheweke. Nanging Pangeran Hadiri kena Keris Brongot Setan Kober sahingga getihe sing metu akeh. Pangeran Hadiri tetep bisa nahan nganti tekan Kalinyamat.


Gang pirang-pirang dina malane Pangeran Hadiri ora malah mari nanging sangsaya nemen. Kanthi cara apa wae wis dilakoni supaya larane amarga kena Keris Brongot Setan Kober mari. Nanging takdir Tuhan sing nemtokake, Pangeran Hadiri seda. Ratu Kalinyamat susah amarga ditinggal lunga bojone yaiku Pangeran Hadiri. Minangka tandha bhekti lan hormat marang bojone, Ratu Kalinyamat mutusake lunga ing Bukit Danaraja (Jepara) arep “tapa uda” sing artine ninggalake busana kaagungan kratone lan nguculake perhiasane kabeh. Ratu Kalinyamat mung nganggo busana biasa kanthi ati kang tulus, sabar njaluk keadilan marang Gusti kang maha kuwasa.


Sultan hadiwijaya karo Ki Pemanahan, Ki Penjawi, lan Ki Jurumertani lunga ing bukit Danaraja nemoni Ratu Kalinyamat ngucapake bela sungkawa lan ngajak Ratu mulih ing Demak. Ratu Kalinyamat ora gelem balik ing Demak utawa ing dalem Kalinyamat. Dheweke pengen tetep nglakoni tapa nganti sakdurunge Aryo Penangsang mati. Krungu omongane Ratu Kalinyamat kaya mau Sultan Hadiwijaya nganakake sayembara “sapa sing bisa ngalahake Jipang Panolan lan nyekel Aryo Penangsang arep diwenehi hadiah  bumi Pati lan Alas Mentoak.”


Lagi wae sayembara rampung diumumake wis ana laporan yen Aryo Penangsang malah nantang perang tandhing karo Sultan Hadiwijaya. Krungu laporan kaya mau Sultan Hadiwijaya panas atine lan kepengin cepet-cepet lunga dhewe nemoni Aryo Penangsang. Ki Jurumertani menehi piweling supaya Ki Penjawi, Ki Pemanahan, Danang Sutawijaya lan dheweke dikon melu ngawal. Perang antarane Jipang karo Pajang sing sebenere isih ana hubungan keluarga bakal temenanan kelakon. Minangka panglima perang ditunjuk Ki Penjawi lan Ki Pemanahan. Dheweke setuju dadi panglima perang lan karo nggawa tombak Kyai Pleret lan pembekalan perang rombongan lunga ing perbatasan nyegat pasukan Aryo Penangsang.


Ing watesan Jipang, Aryo Penangsang sing dikawal lascar Soreng wis suwe ngenteni. Karo nunggang jaran gagakrimang lan Keris Kyai Brongot setan Kober sing didokok bangkekane Aryo Penangsang sesumbar sombong. Ora suwe pasukan Pajang teka kanthi gagah berani. Aryo Penangsang sesumbar maneh. Ki Penjawi ora gampang emosi, dheweke ora kesusu nanging nganggo pikiran lan strategi sing cermat.

Sakwise persiapan mateng, minangka panglima perang Ki Penjawi menehi komando serbu. Kurang saitungan sadhetik, perang antarane Jipang Panolan karo pajang kedadean. Akeh prajurit sing mati ing tengah palagan. Kuwi pancen wis dadi resiko peperangan. Nalika peperangan kuwi Aryo Penangsang kena tusukan Tombak Kyai Pleret sing dihujam Danang sutawijaya nganti ususe metu. Wektu kuwi Aryo Penangsang kepengin mateni Raden Danang Sutawijaya. Mula, keris sing ing bangkekan diunus. Usus Aryo Penangsang pedhot kena kerise dhewe, Kyai Brongot Setan Kober. Aryo Penangsang tiba saka jaran Gagakrimang lan sidane mati.

Tandha bukti yen Ki Penjawi wis nglakoni tugase yaiku Ki Penjawi nglapor marang Sultan Hadiwijaya. “lapor sultan, tugas sampun kula tindhakaken”,ujare Ki Penjawi. Isi laporane yaiku siji kabeh kekurangan dadi tanggung jawabe Ki Penjawi minangka pimpinan perang. Ping loro, kasil nglumpuhake Jipang Panolan lan bisa mateni Aryo Penangsang yaiku keberhasilan bareng-bareng antarane Danang Sutawijaya, Ki Jurumertani, Ki Pemanahan, lan Ki Penjawi.


Sultan Hadiwijaya ngucap matur nuwun marang kabeh pihak sing wis nglakoni tugas kanthi hasi kang gtemilang. Perseteruan antarane Jipang Panolan lan Pajang wis ora ana maneh saengga rasa kekancan urip aman bisa Kabul. Kaya apa sing wis dijanjekake nalika sayembara, minangka hadiah Sultan Hadiwijaya jabatan Patih ing kesultanan pajang marang Ki Jurumertani, nyerahake alas mentoak marang ki Pemanahan lan Bumi pati marang Ki Penjawi.


Nalika dina apik Ki Ageng Penjawi mangkat nindakake tugas anyar yaiku mimpin bumi Pati kanthi rasa seneng lan kebak tanggung jawab. Rakyat pati bisa nampa Ki Ageng Penjawi kanthi ramah lan tulus ikhlas. Ora masalahake saka ngendi asal-usule Ki Penjawi yaiku putra asli daerah utawa ora. Semana uga Ki Penjawi ora nduwe sikap sombong, malah rendah hati, ramah lan ora mbeda-mbedakake siji lan sijine.

Minangka pamimpin anyar, Ki Penjawi ora isin-isin ndolani para tokoh rakyat Pati antarane Ki Gede Ragawangsa, Ki Gede Jiwanala, Ki Gede Plangitan lan Ki Gede Jambean. Para tokoh rakyat Pati mau dijaluki saran soal kondisi daerah Pati guna gawe langkah-langkah kanggo gawe kawicaksanan

Langkah pisanan Ki Penjawi nalika mrentah Pati yaiku nata punggawane. Kabeh pejabat saka tingkat cendhek nganti dhuwur kudu bisa nglakoni telung syarat yaiku jujur, disiplin, lan ahli ing bidange dhewe-dhewe. Ki Ageng Penjawi nalika mbangun  ndhisikake bidang pertanian merga akeh rakyat Pati dadi Petani. Rakyat ana sing tekun ing bidang peternakan, perikanan, lan cocok tanam.

Saben bidang garapan dicekel ahline saengga nalika ana pekara bisa dirampungake kanthi apik. Daerah pati dadi maju. Rakyat Pati nalika kerja semangat lan dibarengi rasa aman wektu dipimpin Ki Ageng Penjawi. Saiki jeneng Ki Penjawi dadi salah sijining jeneng dalan ing Kutha Pati.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar